Rabu, 26 September 2018

Simple Dan Komplite Basa Jawa

Matur suwun aku lan panjenangan sedoyo di lahirne dadi wong jowo ugo nek tanah jowo, amergo BOSO JOWO PANCEN LUAR BIOSO .

Lek gak percoyo woconen ngisor iki 👇👇👇😂😂

Ternyata _*Boso Jowo lebih bisa menggambarkan bunyi*_ secara detail dibanding bahasa2 lain :

■ *Mak plung =* barang cilik kecemplung banyu.

■ *Mak blung =* barang sedhengan kecemplung banyu.

■ *Mak byur =* barang gedhe kecemplung banyu.

■ *Mak kluthik =* barang atos cilik tibo nang barang atos (koyo krikil tibo nang jobin).

■ *Mak klothak =* barang atos rodo gedhe tibo nang barang atos.

■ *Mak gludhuk =* barang atos gedhe tibo nang barang atos.

■ *Mak glodhak =* barang atos gedhe banget tibo nang barang atos.

■ *Mak gedebuk =* barang empuk gedhe tibo nang barang atos.

■ *Mak krosak =* barang nabrak / nembus godhong2an / tetanduran.

■ *Mak genduk =* barang empuk kena barang empuk.

■ *Mak plenyik =* barang empuk sithik kepidak.

■ *Mak plenyok =* barang empuk akeh kepidak.

■ *Mak klunthing =* barang pecah belah/wesi cilik kethuthuk / tibo.

■ *Mak klonthang =* barang pecah belah/wesi gedhe kethuthuk / tibo.

■ *Mak krompyang =* barang pecah belah/wesi akeh tibo nganti ambyar.

■ *Mak clep =* barang dowo nembus/nancep barang atos (koyo paku nancep nang kayu)

■ *Mak dlesep =* barang dowo nembus/nyelip barang empuk (koyo biting nembus pincuk / takir)

■ *Mak bleeees* = barang dowo ambles mentok sampe jero nembus barang empuk.

◆ *Mak Criit :* metu sithik
◆ *Mak Cruut :* metu sedengan
◆ *Mak Croot :* (metu akeh)

*Mak Tlebuk*: la kuwi jelas suara bojomu tibo wis ndang tulungono.... Ndak kowe selak di seneni koq malah ngguya-ngguyu maca tulisan iki..... hahahaha 😁😁😁
Haha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar